BIYEN SAIKI LAN SALAWASE
dening: onox
tumlawung nyawang lintang lekasing rahina
suryaning rinasa andum warada kang sumadya ngadhemake
wardaya
kadya kang rinasakake mungguh gunging tresna agenging
nendra
samangsa kok
kidungake tresna iku
rinasa tumancep macek binareng mantep jroning kalbu
saliraku lumaku ing sadhuwure marutaning
dalu
nggayuh sekar peni ganda wangi kang
mekar ing sitaresmi
banjur daksalempitake ing tyasmu satuhu
kareben ngukuhake brantaning ati
sajerone ati iki, yayi…
ana panandhang, kirane mung sira kang bisa mangerteni
lumantar getering maruta kang sumilir
Sadawaning
laku lan sepi dakceritakake
katresnan
iki jati
nadyan
kapecak dawaning wanci
mugya ta…samengko salawase tansah reruntungan NYAWIJI…