Senin, 16 Februari 2015

BIYEN SAIKI LAN SALAWASE



BIYEN SAIKI LAN SALAWASE
dening: onox

tumlawung nyawang lintang lekasing rahina
suryaning rinasa andum warada kang sumadya ngadhemake wardaya
kadya kang rinasakake mungguh gunging tresna agenging nendra

samangsa kok kidungake tresna iku
rinasa tumancep macek binareng mantep jroning kalbu

saliraku lumaku ing sadhuwure marutaning dalu
nggayuh sekar peni ganda wangi kang mekar ing sitaresmi
banjur daksalempitake ing tyasmu satuhu
kareben ngukuhake brantaning ati

sajerone ati iki, yayi…
ana panandhang, kirane mung sira kang bisa mangerteni
lumantar getering maruta kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi dakceritakake

katresnan iki jati
nadyan kapecak dawaning wanci
mugya ta…samengko salawase tansah reruntungan NYAWIJI…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar